Selamat datang di Snow Wolf of Peaceful, Terima Kasih telah berkunjung jangan lupa tinggalkan komentar | Selamat datang di www.hshirokuro.blogspot.com | Apabila ada artikle yang tidak layak / SARU harap coment di blog ini atau bisa memberi tahu lewat Twitter kami | Terima Kasih telah berkunjung |

Senin, 04 Juni 2012

Mijil Kethoprak - Palaran Dhandhang Gula Lik Suling Pl6

Mirengaké gendhing iki marahi kèlingan jaman cilik. Swargi simbah putri, utawa biyung sok ura-ura karo nggéndhong adhiku. Kersané karebèn adhiku turu ing géndhongan, karo diléla-léla. Hmmm... ing batin saiki-iki aku dadi isa ngalembana marang swarané simbah lan biyungku, sing yèn dak biji antuk 8! Hahahaha.... mergané aku bisa mesthèkake menawa ing jaman saiki wis langka si biyung ngléla-léla putrané srana tetembangan kaya iku. Mula aku rumangsa begja banget, kaparingan warisan pengalaman kaya mangkono saka simbah putri lan biyungku.

Mula minangka atur panuwun, iki dak aturaké MP3 Mijil Kethoprak, kasambung Palaran Dhandhang Gula marang para sutresna. Sapérangan seratan tembangé dak tulis kanggo cathetan, mbokmenawa ana sing ngersaaké. Manggaaaa.... dipun rahabi.

MIJIL KETHOPRAK

Dhuh biyung emban, wayah apa iki?
Rembulan wis ngayom,
anggegana prang abyor lintangé.
Titi sonya, puspita kasilir,
maruta wis kingis, sumrik gandanya rum.

Kados Gusti, sampun tengah ratri,
pangintening batos.
Iya kok durung rawuh mréné,
Gusti kakung, ratuné wong sigit.
Apa cidrèng janji, dora mring wak ingsun.


DHANDHANGGULA LIK SULING Pl.6

Ayo rowang angayahi kardi.
Nora kendhat pambangunan désa.
Binudi murih beciké,
supaya tansah maju,
ngupakara karang lan kitri,
guyub rukun tumandang,
asengkut gumregut,
temah dadya tata harja,
handayani murah sandhang pangan yekti,
jro kutha desa-desa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Arigato atas kunjungan dan komentar agan. Komentar yang anda berikan menjadi motivasi saya membuat blog ini tetap hidup. Silahkan beri komentar yang berkaitan dengan artikel, blog, saran. Jangan berkomentar dengan bahasa yang tidak sopan.