Selamat datang di Snow Wolf of Peaceful, Terima Kasih telah berkunjung jangan lupa tinggalkan komentar | Selamat datang di www.hshirokuro.blogspot.com | Apabila ada artikle yang tidak layak / SARU harap coment di blog ini atau bisa memberi tahu lewat Twitter kami | Terima Kasih telah berkunjung |

Jumat, 30 Maret 2012

Pidato Bahasa Jawa


Pidato Jawa Ujian Saya

Assalamu’alaikum Wr.Wb
                Ingkang kinurmatan ibu ********* lan ibu *************** minangka pengawas ujian praktek inkang kula hormati bapak/ibu guru lan staf karyawan/karyawati SMP Negeri 2 Kebumen, saha para kanca kula kelas 7, 8, lan 9, monggoh kita sareng sareng ndherekaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT dene kula lan panjenengan tansah pinaringan rahmat saha kebahagyan satemah taksih saged makempal wonten  ngriki wonten acara purnawidya,  kanti wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.
            Sedaya ingkang kula hormati, kula lan para kanca sedaya  ngaturaken panuwun dhateng bapak lan ibu guru ingkang sampun mulang kula sedoyo lan staf tata usaha ingkang sampun ngladosi ing babagan administrasi, kula sedoyo nyuwun pangapunten saking kalepatan sadangunipun ngangsu ilmu. lan kula sedaya nyuwun pangestu mugi saged ngayengaken pasinaon ing pawiyatan tataran sainggilipun, mugi mugi dipun paring lancer tuwin gampit
            Kula makili kanca kanca kula nyuwun pamit badhe nilarakaken pawiyatan SMP Negeri 2 Kebumen, lan nyuwun adhik adhik kelas 7 lan 8 supaya sregep sinau supados asiling pasinaon saged nglangkungi datheng kanca kanca kelas 9, tansah njagi nama aruming sekolah
            Para rawuh ingkang kula hormati, kula kinten cekap senanten lan kula aturaken panuwun saking kawigantusaning panjenengan,mugi mugi acara makempal niki saged maringi manfaat, menawi anggenipun mature kathah kekurangan lan kalepatan kula nyuwun pangapunten

Matur nuwun
Wassalamualaikum Wr.Wb







Atur Pamitan
Siswa Kelas 9 Ing Purnawidya
Dening
************** (**)
9D






SMP ******************

Ket         : ******* diganti nama
                  (**) Nomor


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Arigato atas kunjungan dan komentar agan. Komentar yang anda berikan menjadi motivasi saya membuat blog ini tetap hidup. Silahkan beri komentar yang berkaitan dengan artikel, blog, saran. Jangan berkomentar dengan bahasa yang tidak sopan.